TEKS MC BAHASA JAWA MAULID NABI MUHAMMAD SAW


السَّلاَمُ عَلَيْكُم ْوَ رَحْمَةُ اللهِ وَ بَرَكَاتُهُ
أَعَوْدُ بِالله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالمَين، الصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَافِ لْأَنْبِيَاءِ وَ المُرْسَلِيْنٍ، وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَ جْمَعِيْنَ،  رَبِّ اشْرَحْ لِى صَدْرِىْ وَ يَسِّرْ لِى أَمْرِىْ وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانىِ يَفْقَهُ قَوْلِى، أمّا بعد...

Almukarom poro bapak alim ulama’ wabil khusus dumateng panjenengan ipun Kyai Abdul Hamid sekeluargo ingkang minulyo. Dumateng Dewan Asatitz ingkang kawulo hormati, segenap pengurus OSMA soho konco-konco ingkang kulo tresnani.
          Sepindah sumonggo kito ngaturaken raos puji syukur dumateng ngarsanipun ALLOH SWT. Wondene punopo kulo soho panjenengan sami taksih pinaringan Rohmat, Taufiq, Hidayah soho  Inayah ipun sahinggo kito saget makempal wonten meniko majlis kanti kawontenan Rahayu  Wilujeng mbotenn manggih aken alangan setunggal punopo. Amin … Amin …  Yarobbal ‘alamin …
          Sholawat soho salam mugi tetep kalimpah aken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang sampun sampun mbimbing kito saking zaman Zahiliyah ngantos dumugi zaman terang benderang ingkang arupi ajaran agama Islam, soho ingkang kito ajeng-ajeng syafa’at ipun mbenjang wonten yaumul Qiyamah. Amin …
          Sak dereng ipun adicoro Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai keparengo kulo minangkani pranoto adicoro maosaken runtut ipun adicoro ing dalu puniko. Adicoro ingkang :
# Sepisan Muqoddimah
# Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al Qur’anul Karim
# Kaping tigo sambutan-sambutan
# Kaping sekawan waosan Sholawat Habsy
# Kaping gangsal Mauidloh Khasanah
#  Kaping enem Do’a
# Kaping pitu Panutup

Wondene adicoro muqoddimah sumonggo kito bikak sesarengan kanti
waosan ummul kitab,
عَلَى هَذِهِ نِيَةٍ صَالِحَةٍ بِبَرَاكَةِ الْفَاتِحَةِ ….
Adicoro sak lajeng ipun inggih meniko waosan ayat-ayat uci Al Qur’anul Karim dumateng rekanita Tsaniatul Masfufah kawulo sumanggaaken.
Shodaqollohul ‘adzim shodaqollohul ‘adzim, dumateng rekanita Tsaniatul Masfufah kulo aturaken agunging panuwun, mugi-mugi saget manfat dumateng ingkang maos khusus ipun lan kito sedoyo umum ipun. Amin …
Hadirin-hadirot rokhimakumulloh, acara ingkang selajeng ipun sambutan-sambutan.
1.     Sambutan ingkang sepindah inggih meniko saking ketua panita, dumateng rekan Imam Solikhin kawulo sumanggaaken.
« Kulo aturaken agunging panuwun.
2.     Sambutan ingkang kaping kalih inggih meniko saking kepala Madrasah soho pemaosan rinking, dumateng panjenengan ipun Bapak Gus Munib kawulo sumangga aken.
« Kulo aturaken agunging panuwun
Kito lajeng aken adicoro ingkang kaping gangsal inggih meniko Mauidloh Khasanah, dmateng Kyai Bajuri Ibrahim kawulo sumangga aken.
« Kulo aturaken agunging panuwun, mugi-mugi ingkang sampun dipun aturaken wonten gino soho manfa’at ipun.
Acara ingkang terakhir inggih meniko do’a, dumatengpanjenenggan ipun Kyai Abdul Hamid kawulo sumanggaa aken.
« Kulo aturaken agunging panuwun
Sak cekap ipun waosan Do’a kolowau dados paripurna nipun adicoro wonten dalu puniko. Mbok bilih anggen kulo nderek aken lampahe adicara puniko manggihi khilaf soho kalepatan ingkang dados renaning penggalih, kulo namung saget mawantu-wantu lumunturing syah samudro pangaksami.
Akhirul kalam wallohul muafiq illa aqwamithorq,

والسّلام عليكم و رحمة الله و براكاته.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MARS SMK NEGER1 1 BOYOLANGU

Contoh Announcement